Tampilkan postingan dengan label Kesenian Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kesenian Jawa. Tampilkan semua postingan

Jumat, 11 Desember 2015

Tuladha tembang pocung kreasi siswa

Pilbup Purbalingga Desember 2015

Purbalingga dela maning ana pilbup
Pase tanggal sanga
Tujuane demokrasi
Kanggo milih pemimpine Purbalingga

Pilihana pemimpin kang duwe ilmu
Jujur wicaksana
Sugeng Cipto, Tasdi Tiwi
Temtokake pilihanmu kanthi bijak

 Kabut Asap
Ketingalan cetha ampak-ampak kukus
Anggawe petaka
Kathah kang sampun mriksani
Tiyang ingkang kondur ing Maha Kuasa

Sawijining dados nyebabake iku
Lelaku manungsa
Ngrusak isi donya iki
Nggawa cilaka kanggo manungsa liya

Perjuangan Pahlawan
Manungsa kang urip mlarat jaman dulu
Sebabe belanda
Nerapake monopoli
Supados negarane kaya lan jaya

Ana wong kang peduli ora pandang bulu
Jenenge pahlawan
Kang gigih mbela pertiwi
Kanggo tujuan siji maring merdeka

Pengertian, watak, paugeran, lan tembang pocung

Pocung yaiku salah sawijining tembang macapat serat wedhatama (Pangkur, Sinom, Pocung, Gambang, Kinanthi) kanh dianggit KGPPA Mangkunegara IV . Maknanipun yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus kain mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur. Watake greget rada kendo cocok kanggo cerita kang laras.
Paugerane tembang pangkur.
Paugerane tembang pocung yaiku 12u, 6a, 8i, 12a (4 bait)